Ing jagad punika kathah tiyang ingkang nggadhahi pemanggih bilih “anggere dadi wong Kristen, uripe mesti bakal kepenak donya akherat”. Pemanggih punika panci mboten sawetahipun kelentu, ananging saged nuwuhaken pangertosan ingkang mboten wicaksana. Awit kanthi pangertosan kados mekaten, asring ndadosaken tiyang gesang sarwa kemrungsu. Saben kepanggih momotan sekedhik lajeng enggal-enggal melehake.
Kamangka, kita mangertosi bilih ing donya punika manungsa mboten saged uwal saking bot-repoting gesang. Maneka warni momotaning gesang saged kedadosan lan kaalamami dening saben tiyang (kalebet tiyang Kristen). Kanthi kawontenan ingkang kados mekaten, menawi gesang namung sarwa kemrungsu, pungkasane namun badhe tumindak ingkang mboten wicaksana, saged ugi malah nduding Gusti Allah sing kaanggep salah miturut pemanggihe.
Pasamuwan kinasih, waosan dinten punika paring piwucal tumrap kula panjenengan ing salebeting minggu adven kaping tiga punika. Bilih ing salebeting mangsa pangantu-antu, panci mbetahaken patrap sabar. Kita sami pitados bilih prasetyanipun Gusti punika saestu “YA lan AMIN”, ananging punika mbetahaken patrap sabar ngantu-ngantu. Awit Gusti Allah kagungan wekdalipun piyambak ingkang pas kagem wujudaken kersanipun.
Pramila, panyerat surat Yakobus mitedahi bilih gesang ing donya punika panci mboten uwal saking bot-repoting gesang, malah saged ugi nampi utawi nandhang kasangsaran. Ananging kasangsaran punika mestinipun mboten ndadosaken lungkrahing kapitadosan dhumateng Gusti. Kosokwangsulipun, kasangsaran kedah dipunadhepi kanthi patrap sabar, awit sabar punika nuwuhaken kawicaksanan ing gesang. Inggih kadosdene Para Nabi ingkang ugi sabar anggenipun nandhang sangsara nalika medharaken pangandikanipun Gusti.
Pasamuwan kinasih, lumantar waosan punika kita katimbalan supados sinau sabar kanthi tansah sukarena anggenipun nglampahi gesang ing salebeting minggu adven kaping 3, awit sejatosipun rawuhe Gusti wis cedhak. Payo padha ngantu-antu kanthi sabar lan sukarena cikben tuwuh tumindak-tumindak ingkang wicaksana. Gusti Mberkahi. Amin
🙏
Mari Berdoa
Tuhan, terima kasih atas firman-Mu yang menjadi pelita bagi langkah kami.
Bantulah kami untuk menerapkan kebenaran ini dalam kehidupan sehari-hari.
Dalam nama Yesus Kristus, kami berdoa. Amin.