Becik lan elek, bener lan salah, kuwi kahanan sing mesthi ana lan tinemu ing satengahing urip bebrayan masyarakat jagad iki, tegese sawijining prakara sing disawang bener lan becik ing tlatah kene, durung tamtu dianggep bener lan becik ing panggonan liya. Mengkono uga bab sing becik ing jaman biyen, durung mesthi dianggep becik uga ing jaman saiki, jalaran kabeh gumantung marang mulur-mungkrete kahanan ing satengahing masyarakat ing satengahing jagad sing sangsaya suwe kaya-kaya kelangan paugeran kanggo tumindak sing bener lan becik.
Kahanan sing kaya mengkono kuwi dumadine ora mung ing wayah saiki wae, nanging wiwit jagad iki digelar tatanan sing diugemi dening manungsa iki pijer owah-gingsir sing tundhone jalaran tansah kepengin nggugu lan ngetutake kekarepane dhewe, mangka kekarepane manungsa dosa kuwi wis mesthi cengkah karo kersane Gusti Allah.
Pikiran lan atine manungsa dosa sing tansah kalimputan (diliputi) pepeteng, nuwuhake pikiran, pangudarsa lan tumindak sing ora becik. Atine lan atine tansah nggagas prakara sing ora becik marang sapepadhane, mula banjur tabiat lan tingkah-lakune sangsaya ora becik. Manungsa sing kaya mangkono kuwi angel yen diajak mikirake prakara sing becik lan bener jalaran pancen ati lan pikirane wis dijiret dening pepetenging dosa. Sangsaya kojur maneh, pikiran-pikiran sing ora becik mau uga ditamakna (diarahkan) marang awake dhewe, mula wekasane rumangsa awake dhewe iku manungsa sing apes, nganggep yen uripe ora diberkahi dening Gusti Allah. Wong-wong sing kaya mangkono kuwi rumangsa wis kelangan pangarep-arep, lan rumangsa ora duwe masa-depan.
Kahanane manungsa kaya sing kaandaharake ing perangan ndhuwur mau, sejatine wis kapirsan lan tansah dadi penggalihane Sang Yehuwah, mula bola-bali Panjenengane paring pemut lan wanti-wanti lumantar para nabi lan utusane, murih para manungsa mau padha mratobat tumuli bali urip kang becik kaya sing dadi kersane Gusti Allah. Nanging kahanan uripe manungsa ing donya iki sangsaya ndlarung, dhemen lan karem marang panggawe dosa, malah sangsaya nyahak (wani nglawan) marang panguwasane Gusti Allah sing wis nitahake, kahanan kuwi ndadekake sangsaya sungkawa penggalihe Sang Rama sing sejatine tansah ngeman lan nresnani titah kang aran manungsa kuwi.
Tumedhake Sang Sabda kang ngejawantah ing anggane Gusti Yesus kuwi sejatine mujudake tandha katresnan kang tanpa pepindhan saka Sang Rama ing swarga marang para wong dosa iki (Yok.3:16). Rawuhe ora arep ngukum utawa milara marang titah sing ditresnani, ananging saperlu ngelingake lan paring tuladha bab urip kang bener miturut kersane Sang Rama kang Masuci. Sang Sabda sing wis karsa manjalma manungsa iku ngersakna murih manungsa iki kabeh bisa kapitulungan rahayu, satemah ing tembe bisa urip bebarengan ngrasakna kamulyan ing swarga kang adi.
Pasamuwan sing ditresnani dening Gusti Yesus Kristus.
Tuladha bab urip kang bener miturut kersane Sang Yehuwah, wis kababar lan kaesokake kabeh dening Gusti Yesus marang jagad iki lumantar para murid lan wong-wong piniji sing katimbalan minangka juru-wicara tumrap para manungsa sing isih durung tepung marang.
Mula padha dieling, yen yektine saben wong pracaya sing kapiji lan pinilih dadi muride Gusti Yesus iki kudu duwe tabiat lan tumindak sing becik lan bener lan ora gampang kelu marang ombyake jagad sing saya suwe ngedoh saka ing bebener.
Ana timbalan agung tumrap para wong pracaya, yakuwi kudu bisa dadi contotuladha ing satengahing bebrayan agung sing sejatine padha ngarep-arep tumurune pepadhang saka ing swarga, kanggo mbrasta panguwasane pepeteng kang nglimputi uripe manungsa sajagad iki.
Sayogyane/becike aku lan panjenengan minangka wong pracaya iki aja nganti malah kagendheng/kelayu/keseret kelu marang kahanane donya sing ora becik iki, temahan kelangan jatidiri kita minangka murid pilihane Sang Kristus.
Kuwi bebasan kudu bisa nyebarake uyah lan pepadhange Sang Kristus kang wis cumondhok lan makuwon ana ing urip kita. Martosake kabar kabungahan marang jagad kadya lilin-lilin nhunarake pepadahang ing satengahing pepeteng.
Muga-muga Sang Roh Suci tansah nganthi mring sakehing tumindak becik kang kita lakoni ing urip jagad iki. Amin.
🙏
Mari Berdoa
Tuhan, terima kasih atas firman-Mu yang menjadi pelita bagi langkah kami.
Bantulah kami untuk menerapkan kebenaran ini dalam kehidupan sehari-hari.
Dalam nama Yesus Kristus, kami berdoa. Amin.