Renungan Harian

NGOYOT LAN ALOT, ORA GAMPANG PEDHOT

📖
1 Petrus 3:17
— Firman Tuhan
10 May 2026
Nuladha marang tindak lan sikape para leluhur sing dadi manungsa pethingane (pilihane) Sang Yehuwah sing kababar ing Prajanjian Lawas, sanyata ngetokake yen piandel/kamanteban pracayane marang Sesembahane babar pisan ora bisa dieluk utawa dikalahake nganggo cara apa wae. Mara padha dirasakna, nadyan kaancam keslametane jalaran arep disirnakna, kaya ta di obong (Sadrah-Mesakh-Abednego), utawa dipakakna singa (Daniel) lan liyane maneh, babar pisan ora owah-gingsir anggone ngrungkebi iman pracayane marang Gusti Allahe. Mengkono uga prastawa sing dialami dening para abdi pilihane Sang Kristus sing diandharake ing Prajanjian Anyar, kaya ta Setefanus, Petrus, Paulus lan liyane isih akeh maneh, padha ora gigrig apa maneh miris sanadyan wusanane nganti nemahi pati kanthi cara kang nggegirisi. Sawise dilaras sakjroning pikir, tumuli tuwuh pitakonan ana ing ati kita, apa ta sing njalari para martir (pawongan sing tiwas jalaran ngrungkebi pracayane) kuwi padha wani ngorbanake nyawane kanhti tulus lan ekhlas?? Pasamuwan sing ditresnani Gusti Yesus Kristus. Saka surasane Kitabsuci sing digegilut ing dina Minggu iki, sawetara ana bab kang wigati sing perlu dituladha kanggo ngawekani werna-werna prakara sing wayah iki bebasan nglawan iman Kristen. Tuladha mau ing antarane kaya sing kababar ing ngisor iki : • Saka Lelakone Para Rasul 17:22-31; ngabarake lelakone Rasul Paulus nalika ngabarake Injil ing satengahe bangsa Yunani sing turun-temurun nduweni maewu-ewu sesembahan/dewa sing diwujudake rerupan patung utawa misybah, lan disembah, dibekteni kanthi temen, malah ing antarane ana wujud misybah sing dicawisake : ‘Konjuk ing dewa ingkang boten kasumerepan’. Kanthi julig lan wegig (adhedhasar kapinteran), rasul Paulus nuli srawung karo para wong Yunani kuwi lan mbaka sethithik ngandharake yen Dewa sing durung padha dimangerteni mau sejatine kagungan asma Yesus Kristus sing wis rawuh mitulungi manungsa, ya Panjenengane kuwi Dewa/Allah sing wis nitahake jagad sakisine sarta ngrumati kanthi gemati krana tresna lan asih marang para manungsa kang pracaya lan setya marang Panjenengane. Dhasar iman sing kaya mangkono iku sing diagem Rasul Paulus nalika sapejagong karo wong-wong sing durung nate krungu pawartane Gusti Yesus sing dadi Juru Slamete wong sajagad. Ditindakna kanthi andhap asor lan sareh, Paulus ngandharake bab Allah Sejati sing pancen pantes disuyuti lan disembah. • Jabur 66:8-20; sanadyan uripe sang Juru Mazmur ora mesti sarwa gumebyar, mubra-mubru lan sarwa kepenak, ewa semana panjenengane tetep mbereg supaya ngaturake pamuji syukur lan panggunggung marang Yehuwah ing saben tumindake, jalaran wis dadi antebing atine yen Panjenengane iku tansah ngreksa kanti permati lan gemati marang uripe para titahe kabeh. Nadyan pacobaning urip tansah gilir-gumanti diraosake dening Sang Juru Mazmur, nanging iku mau kabeh ora gawe mopo/nglokro, apa maneh pedhot kapracayane marang Gusti Allahe. • 1 Petrus 3:12-22; rasul Petrus minangka tetunggule para rasul ing wektu kuwi, uga paring pangatag marang para muride Gusti Yesus ing wewengkone supaya ajeg nindakna urip adhedhasar piwulange Sang Kristus sanadyan akeh pepalang ing jagad awujud pitenah lan rupa-rupaning sengkala ing satengahing uripe. Pitedahe kanggo nyantosakake imane para murid, padha diparingi dhawuh mangkene : “jalaran luwih becik nandhang sangsara marga tumindak becik, manawa iku dikarsakake dening Gusti Allah, katimbang nandhang sangsara marga tumindak ala.” Kanthi mangkono ateges para murid bisa nglairake/ngabarake imane marang Sang Kristus kanthi nindakna katresnan mring sapepadhane. • Yokanan 14:15-21; iki mujudake perangan piwulang kang wigati tumrap kita kabeh sing kepengin nduweni iman kang santosa, jalaran Gusti Yesus bakal ngrawuhake Sang Roh Suci minangka Panglipur Sejati sing bakal ndayani marang para wong pracaya nindakake kersane ing jagad iki. Para sedulur sapasamuwan kabeh, pancen katresnan lan pambangun-turut (setya-tuhu) marang Gusti Yesus iku mujudake prakara sing paling perlu diugemi kanggo ngadhepi sawenehing pacobaning jagad sing mesthi bakal ditemoni ing satengahing urip ing ndonya iki. Nadyan lagi ana ing satengahing rasa uwas, bingung apa dene tuwuhing rasa wedi, kudu tetep nduweni watak sareh, andhap-asor lan nindakna katresnan marang liyan. Kabeh mau bakal bisa kita lakoni yen Sang Panglipur Sejati (Sang Roh Suci) kita pracayani bakal ndayani marang kita saben dinane. Muga Sang Roh Suci tansah nganthi urip kita, temah lestari dadi muride Sang Kristus kang sembada, satemah nduweni IMAN SING NGOYOT lan ALOT , ORA GAMPANG PEDHOT. Amin
🙏

Mari Berdoa

Tuhan, terima kasih atas firman-Mu yang menjadi pelita bagi langkah kami. Bantulah kami untuk menerapkan kebenaran ini dalam kehidupan sehari-hari. Dalam nama Yesus Kristus, kami berdoa. Amin.

Renungan Lainnya Kembali ke Beranda