Renungan Harian

KRATONE SWARGA KABABAR KANTHI TRESNA LAN TULUS

📖
Mateus 9 : 37, 38
— Firman Tuhan
14 Jun 2026
Nalika makarya sakjroning isih manjalma manungsa ing bumi, Gusti Yesus tansah nindakna pakaryan kang awujud pitulungan-paripurna, marang saben wong sing lagi padha nampa panandhang. Panjenengane ora mung mulangake prakara kaswargan marang jagad, nanging uga kersa lan kober mbrengkas sakabehing ruwet-rentenging kahuripan sing padha dialami umate. Malah kepara kerep kita mengerteni yang Panjenengane kuwi nggatosake lan mbelani marang para wong kang disiya-siya krana kesrakat lan sekeng uripe. Jumbuh karo tuladha sing wis diparingake ing ndhuwur mau, lan laras karo timbalane marang para pandhereke supaya tansah ngabarake Pawarta Kabecikan (Injil) marang saindhenging jagad, mula pasamuwan/gereja sing mujudake perangane sarirane Kristus Sang Ratune Pasamuwan kudu tansah nindakna pakaryan mbabar katresnan tanpa kemba (bosen). Pasamuwan kang kinasihan dening Gusti Yesus Kristus; Waosan Injil ing dina Minggu iki (Mateus 9:35 - 10:8), paring tuladha marang sakabehing pakaryane Gusti Yesus tumrap para manungsa tanpa pilah-pilih. Wiwit Panjenengane mucal ing saben papan pangibadah martosake Injil, mangkono uga paring usada (marasake) sakehing lelara sing dialami dening wong kang padha sowan saperlu nyuwun pitulungan. Kabeh diparingi pitulungan lan disarasake kanthi dhasar tresna asih kang tulus lan tanpa pamrih. Pancen semangat becik kang mengkono iku kudu tansah ana ing satengahing urip masamuwan, mula lumantar Lembaga lan Bebadan Kristen sing wis ana kudu tansah mikirake lan tumindak nyata kanggo mitulungi para sedulur sing apes, sekeng lan kecingkrangan. Nganti wektu saiki, Sinode GKJ wis kasil mujudake Lembaga lan Bebadan Kristen kanggo nindakna timbalane Gusti Yesus kuwi mau, antarane ing babagan pawiyatan (pendidikan), kesihatan lan uga mawarna-warna bab sing disawang perlu lan dibutuhake. Kabeh sing wis dicawisake wujud Lembaga lan Bebadan Kristen mau ora mung kanggo gagah-gagahan wae, utawa murih disawang wah, nanging kabeh kudu dienggo srana mujudake tumindak kang nyata tumuju marang masyarakat ing sakiwa-tengen kita, sumrambah marang sajagad warata. Lan kuwi mau kabeh kudu disengkuyung dening kabeh umat sing pracaya marang Sang Kristus minangka Ratune Pasamuwan, ya klebu aku pan panjenengan iki. Pancen panyengkuyung iku ora mesthi wujud asok-tenaga, dalah pikiran lan panyengkuyung donga, luwih-luwih dedana sing mesthine perlu banget murih kabeh sing dirancang bisa ditindakna kanthi tuntas. Bebasan ing mangsa panen, kabeh pari ing sawah padha sumadya dipanen nanging tukange sing derep kurang cacahe. Mula ayo padha sengkut nindakna pakaryan becik kaya sing wis didhawuhake dening Sang Kristus, sinambi nunggu titi-mangsa rawuhe mulung ing urip kita. Muga Sang Roh Suci tansah nganthi lan paring kekuwatan marang kita, satemah dadi muride Sang Kristus kang sembada. Amin.
🙏

Mari Berdoa

Tuhan, terima kasih atas firman-Mu yang menjadi pelita bagi langkah kami. Bantulah kami untuk menerapkan kebenaran ini dalam kehidupan sehari-hari. Dalam nama Yesus Kristus, kami berdoa. Amin.

Renungan Lainnya Kembali ke Beranda