Wiwit jaman biyen nganti tumekaning wayah saiki, rata-rata manungsa iku ora gampang yen padha di wewarah/diajak nindakna barang kang becik lan bener. Nyatane nganti Gusti Allah kang wis karsa tumedhak menjalma manungsa nganti paring pasemon tumrap bab wangkote atine manungsa iki.
Kabeh mau kababar ana ing Injil Mateus 13:1-8 sing dadi dhasar pirembugan ana ing pangibadah dina Minggu iki, yakuwi ing antarane wiji/winih sing disebar njur tumiba ing pinggir dalan banjur padha dithotholi manuk nggambarake para manungsa sing atine sakawit wis gemang (ora gelem) marang piwulang becik mau, mula wiji-becik mau njur di rebut si iblis. Mangkono uga winih kang tumiba ana ing tanah padhas njalari wijine thukul njur alum dadi garing, nggambarake manungsa sing tansah mangkotake ati ora gelem nampa piwulang becik, pengin nggugu karepe dhewe, mula wiji mau babar pisan ora thukul jalaran ora bisa ngoyod ing atine. Ewa semana isih ana wong becik sing digambarake kaya lemah sing becik lan subur, njalari wiji mau bisa urip lan metu wohe nganti tikel-matikel ing uripe.
Para kadang pasamuwan sing ditresnani dening Gusti Yesus Kristus.
Laras karo dhawuh pangandikane Gusti Yesus nalika ngadhepake mekrad kondur menyang Swarga, kinen dhawuh marang para muride supaya ngabarake Injil Karatone Allah marang sadhengah manungsa ing salumahing jagad padha didadekna muride Gusti Yesus (Mateus 28:19,20 : ”Mulane padha lungaa, sakabehing bangsa padha dadekna siswaKu, lan padha baptisen ing asmane Sang Rama, Sang Putra lan Sang Roh Suci, apadene padha wulangen bab apa kang wis Dakdhawuhake marang kowe kabeh. Lah, Aku tansah nunggal karo kowe, nganti tumeka ing wekasaning jaman.”. Yen ngugemi dhawuhe Gusti Yesus sing kaya mangkono iku, ateges wis ora ana maneh pilihane kejaba mung ngestokna dhawuh ing saurute urip iki. Sanadyan manungsane akeh sing padha ndableg, akeh sing padha mbalela nggugu karepe dhewe, nanging wis dadi kersane Gusti Yesus supaya aku lan panjenengan sing wis dianggep putra, tetep kudu ngabarake Kratone Allah marang para sedulur sing wangkot mau, jalaran katresnane Gusti Allah iku tanpa winates.
Aja padha wedi, aja padha wegah, aja padha bosen/kemba, jalaran Panjenengane wis prajanji bakal nunggil marang urip kita nganti tumekaning pungkasane jaman. Jumbuh karo pangandikane Allah ana ing kitab Yesaya 55:11 mangkene :”Mengkono uga sabda sing Dakngandikakaké, bakal nindakaké apa sing Dakrancang; lan ngleksanani sedhéngah prekara sing Dakdhawuhaké, lan sing kudu dilakoni,” dadi apa sing didhawuhake Sang Kristus, ya Allah Piyambak, mesthi bakan kelakon jalaran tetepa dadi paugemane para wong pracaya anggone nindakna sadhengah dhawuhe mau.
Ing wulan Juli minangka pepenget tuwuh lan ngrembakane pasamuwan GKJ Semarang Barat iki, kita pada kaemutake supaya mawas dhiri, apa wae sing uwis ditindakna kanggo nuhoni dhawuhe Sang Kristus kanggo mbabar Kabar Kabungahan (Injil) marang para kadang ing sakiwa tengen kita. Apa iman sing wis katanem ing urip kita bisa ngrembaka nganti matikel-tikel gedhene, laras karo umure pasamuwan ing kene sing wis ngancik 62 tahun??
Muga Sang Roh Suci tansah nganthi lan paring kekuwatan marang kita, satemah dadi muride Sang Kristus kang sembada. Amin.
🙏
Mari Berdoa
Tuhan, terima kasih atas firman-Mu yang menjadi pelita bagi langkah kami.
Bantulah kami untuk menerapkan kebenaran ini dalam kehidupan sehari-hari.
Dalam nama Yesus Kristus, kami berdoa. Amin.