Renungan Harian

PASEKSI NYATA KATINDAKNA ING SATENGAHING BANGSA

📖
Mateus 14 : 31
— Firman Tuhan
09 Aug 2026
Tumrape bangsa Indonesia, wulan Agustus mujudake sawijining wektu/wulan sing dianggep wigati jalaran ya ing wulan iki kita sabangsa kabeh diajak ngunjukna rasa syukur konjuk ing ngarsane Gusti Allah kang pinarcaya uwis paring kanugrahan wujud kamardikan, uwal saka cengkeraman panguwasane penjajah nalika semana. Ya nalika ing tanggal 17 Agustus 1945 biyen bangsa iki mardika lan bebas saka panguwasane penjajah, kanthi kawiwitan ngumandhangake Proklamasi Kamardikane bangsa Indonesia. Kanthi mangkono, kabeh perangane bangsa sing kahanane beda suku-bangsa, beda tlatah pulo, beda agama padha saiyeg nunggal karep nyawiji dadi siji, yakuwi Bangsa Indonesia. Tekad nyawiji kanthi pracaya yen kamardikan iki saka peparinge Gusti Allah mau kapratelakake ana ing sawijining janji/tekad suci sing disebut Pembukaan Undang-Undang Dasar tahun 1945 (Preambule), ing antarane pracaya yen kamardikan iki mung saka berkah, rahmate lan keparenge Gusti Allah (Atas berkat rahmat dari Allah yang Maha Esa ....lst.). Mula kabeh warganing bangsa kudu gumregut nyawiji nunggal tekad makarya mbangun negara murih bisa nggayuh masyarakat adil lan makmur, mengkono sing dadi tekade bangsa iki. Ing tahun 2026 iki, kamardikan mau wis umur 81 tahun, sawijining umur sing cukup kanggo mulad sarira marang sakehing prakara sing wis mungkur, embuh becik apa ora, supaya ing tembe bisa sangsaya ngati-ati lan waspada olehe padha rumeksa marang negara lan bangsa iki. Pasamuwan sing ditresnani Gusti Yesus Kristus. Gandheng panjenengan lan aku iki mujudake perangane bangsa sing lagi gumregut mbangun, uga kudu melu cancut tumandang gawe urun pikiran, tenaga lan bandha asok-bekti marang negara Republik Indonesia sing kita tresnani iki. Aja padha ewuh-pakewuh, elinga yen negara iki dumadine ya saka kepareng lan peparinge Gusti Allah, Yehuwah sing tansah kita pundhi lan puji ing Asma Dalem Sang Kristus. Dadi Panjenengane mesthi kagungan rancangan kang endah tumrap bangsa iki, lan ing prakara iki mesthi uga nimbali para kagungane (wong kristen) kanggo melu makarya miturut kabisane dhewe-dhewe. Mula aja mung dadi perangane bangsa sing bisane mung maido apa maneh ing kahanan negara sing lagi kisruh, aja melu bingung lan mbingungi, tetepa sumadya-dhiri kareben sawektu-wektu dibutuhake tenaga lan pikiran kita kanggo nyatakake rancangane Gusti Allah tumrap bangsa lan negara iki. Saka waosan ing dina Minggu iki, yakuwi Injil Mateus 14:22-33, paring gambaran bab kahanan kita minangka patunggilane wong pracaya (wong Kristen), apa maneh ing satengahing kahanan negara lan bangsa sing kurang nyenengake. Kabeh sing kita tindakake kudu adhedhasar pracaya marang pangreksane Gusti Allah, jalaran kabeh kahanan iki ya mung dumadi saka kersa lan keparenge Panjenengane wae. Prastawa sing dialami Petrus bisa dadi kaca benggala, nalika pracaya marang Gusti Yesus sing nimbali supaya nyaket dheweke bisa lumaku ing banyu, nanging jalaran mangu-mangu banjur meh kejegur ing tlaga, rahayune Astane Gusti nglanting satemah slamet. “...Yagene kok mangu-mangu?...”, mangkono pandangune Sang Kristus nalika semana. Pasamuwan (para wong Kristen) kudu wani tumandang gawe bebarengan ing satengahing bangsa iki. Wani ora amarga duwe kaprawiran sing linuwih, nanging wani jalaran duwe keyakinan yen Gusti Allah mesthi nganthi lan ngreksa marang kita. AJA WEDI REKASA LAN AJA MANGU-MANGU....!!! Sang Roh Suci tansah nganthi lan paring kekuwatan marang kita, satemah dadi muride Sang Kristus kang prawira lan sembada. Amin
🙏

Mari Berdoa

Tuhan, terima kasih atas firman-Mu yang menjadi pelita bagi langkah kami. Bantulah kami untuk menerapkan kebenaran ini dalam kehidupan sehari-hari. Dalam nama Yesus Kristus, kami berdoa. Amin.

Renungan Lainnya Kembali ke Beranda