Renungan Harian

NAMPIK BRAHALA, NGANTEBI PANGREKSANE ALLAH

📖
Pangentasan 32:9-10
— Firman Tuhan
11 Oct 2026
Saben ngancik sasi Oktober, kabeh sagolongan gedhe warganing pasamuwan ing saindenging Sinode Greja-Greja Kristen Jawa padha golong-gilig netepake dadi Wulan Brayat (Bulan Keluarga). Ing satengahing wulan brayat iki kabeh warganing pasamuwan, gehde-cilik, enom-tuwa, ing endi wae lan ing wayah apa wae pada ndadar-dhiri, nggladhi pikiran, ati lan tumindake supaya tansah nggatekna pitedah lan piwulange Gusti Allah, sing wis kababar ana ing kitabsuci. Mbok menawa tuwuh pitakonan ing ati kita, kena apa kok ndadak dielingake kanthi nganggo Acara-Gedhen nganggo panitia sing ora sethithik gunggunge? Apa aku sing wis ngaku pracaya marang Gusti Yesus iki kudu tansah dielingake supaya tansah rumaket marang Panjenengane? Lan pitakonan-pitakonan liyane maneh sing mrentul jroning ati. Pasamuwan sing tansah ditresnani dening Gusti Yesus Kristus. Kacarita, bangsa Israel iku piniji/dipilih ditetepake dadi golongan bangsa sing bakal nampa berkah gedhe awujud katentreman rahayu ana ing tanah Prajanjian, angger gelem tetep manteb pracaya lan ndherekake dhawuh lan piwucale Gusti Allah nganti tumeka ing wekasan. Ananging miturut paseksi kang sinerat ana ing kitabsuci, jebul bangsa pilihan kuwi bola-bali nindakake pakarti sing bisa njalari sungkawa penggalihe Yehuwah, ing antarane kaya kang sinerat ing Kitab Pangentasan 32:1-14. Bangsa sing wis dikanthi dening Gusti Allah bisa kaluwarake saka tanah pangawulan Mesir, lumantar maneka-warna prastawa sing ngedab-edabi, tumuli sadalan-dalan dirumat kanthi gemati lan permati dening Gusti Allah/ Yehuwah sing tansah nresnani, eee…jebul bangsa iku meksa isih durung manteb pracayane marang kawisesane (panguwasane) Yehuwah, nyatane malah gawe patung/tetiron wujud Pedhet Emas didadekna alah sesembahane (sabanjure kersaa maos perikop/perangan kuwi kanthi tuntas). Para kadang kabeh, lumantar waosan ing ndhuwur kuwi ngelingake marang kita yen iman/pracaya kita iki kudu tansah diasah, digladhi kanthi temen lan taberi/rajin muri hora gampang owah gingsir saka ing urip kita. Kahanane rasa setya-tuhu iku ora ajeg salawase, jalaran bisa mulur-mungkred, ngiwa-nengen nuruti mobah-mosike ati kita. Apa maneh yen gegayutan karo kasenengan (kekarepane ati) wis mesthi bakal mangro-tingal, pilah-pilih endi sing apik lan endi sing kepenak, wusanane bisa tuwuh BRAHALA ing setengahing ati lan pikirane wong pracaya, banjur ngadoh saka kersane Gusti. Sokur bage dene ing Wulan Brayat iki pradatane pasamuwan GKJ Semarang Barat nunggilake semangat bisaa nggladhi/ngasah setya-tuhu lumantar pasamuwan ing kene, tegese latihan utawa nggladhi rasa setya-tuhu ora perlu adoh-adoh lan kakehan teori, nanging cukup bisa dilakoni ing brayat pasamuwan kene. Mula ayo para kanca, padha mbereg brayat kita dhewe-dhewe, gedhe-cilik, enom-tuwa, lan uga simbah-simbah, padha bebarengan ngasah kasetyan kita marang Gusti Yesus lumantar pahargyan ing Wulan Brayat iki, ayo padha disengkuyung kanthi giyak lan sukarena, mengkono uga perlu disengkuyung ing dedana lan uga donga. Muga-muga kabeh pangajab lan cita-cita bisa kita gayuh bebarengan lan tetepa dadi keparenge Gusti Yesus. Amin
🙏

Mari Berdoa

Tuhan, terima kasih atas firman-Mu yang menjadi pelita bagi langkah kami. Bantulah kami untuk menerapkan kebenaran ini dalam kehidupan sehari-hari. Dalam nama Yesus Kristus, kami berdoa. Amin.

Renungan Lainnya Kembali ke Beranda